FH Mengeti Agustusan - OEMI HA ES

Mengeti Agustusan

Sasuwene angin Agustus ngidak wektu
Kibar gendera abang putih nglangit kuwi
Ngundang eling marang getih para pahlawan
Sing mbela tanah kelairan nganti tetes pungkasan

Roso nyeri, lara, lan getih
Dadi tumbal kamardikan kang saiki kok rasa
Benteng lawan bedhil, tanpa wedi
Siji-siji padha gugur ora nyuwun balas jasa

Layang sejarah dadi tondo
Yen merdika ora mung hadiah
Nanging asil saka perang nyawa
Kanggo tanah kang dijaga kanthi tresna

Nanging saiki, kahanan beda
Anak muda luwih seneng gelut kata
Saling cidra, saling jegal
Mung amarga ego lan rasa menang pribadi

Ora sepisan ana berita
Perebutan geng, gebyakan nyawa
Ora kanggo bangsa, ora kanggo kebenaran
Nanging mung nafsu lan ajining dhiri palsu

Agustusan mung dadi pestane hiburan
Pawai, lomba, lan swafoto
Tanpa eling sapa sing gugur
Kanggo nyuwun anak putune tetep ngluhur

Anak muda Indonesia, tak pitutur
Teguhna ati, bukak pikiran
Merdeka iku ora mung ora dijajah
Tapi gelem njaga lan ngisi kanthi pakaryan

Apa gunane merdika
Yen budi pekerti dadi luntur?
Yen senjata diganti status,
Tapi isine tetep peperangan rasa?

Yen saiki ngaku merdika,
Nanging nyawa isih enteng dibuwang
Yen bangsa dhewe dadi mungsuh
Apa ora medeni?

Aku wedi, siji dina nanti
Negara iki dadi ladang rebutan maneh
Amarga anak mudane lali sejarah
Lemah lan getih ora dimulyakake maneh

Wong jaba nonton, ngenteni wektune
Nalika kita sibuk silat lidah
Lan bumi iki ora kuwat maneh nahan
Amarga ora ana sing ngreksa kanthi tenanan


Mangkono, para muda Indonesia
Wektumu wis teka
Bangkit lan sadar
Kamardikan iki kudu kok jaga, ora mung kok rasa!

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Mengeti Agustusan"

Posting Komentar